Sabtu, 04 Mei 2013

SANDANGAN PAYIGEG

1. Sandhangan panygeg “r”
hra
Contohnya untuk menulis kata (tembung):
prawan
2. Sandhangan panyigeg “re”
Untuk bunyi seperti pada kata “trenggiling”
TRE
Contohnya untuk menulis kata (tembung):
wredha
3. Sandhangan panyigeg “y”
hya
Contohnya untuk menulis kata (tembung):
tya1
4. Sandhangan panyigeg “w”
SWA
Contohnya untuk menulis kata (tembung):
dwara
5. Sandhangan panyigeg “L”
HLA
Contohnya untuk menulis kata (tembung):

playon









Diambil dari : http://trianjarpriyanta.wordpress.com





PASANGAN AKSARA JAWA

Bentuk pasangan aksara jawa:
pasang1pasang2pasang3npasang4
KETERANGAN:
1. Pasangan aksara yang ditulis sejajar dengan aksara jawa ada 3:
KET2
2. Pasangan aksara yang ditulis sejajar dan dibawah aksara jawa hanya ada satu:
KET3 

Pasangan yang lain ditulis dibawah aksara jawa


Diambil dari : http://trianjarpriyanta.wordpress.com

Tembung-Tembung

Tembung kaperang dadi loro:
  • Tembung lingga: sakabehe tembung kang durung owah saka asale(kata dasar)
Tuladha tembung lingga: lunga, meja, pangan.
  • Tembung andhahan: sakabehe tembung kang wis owah saka asale (linggane)
Tembung lingga owah dadi tembung andhahan amarga:
- oleh ater-ater (awalan) tuladha : dijiwit > di + jiwit
- oleh seselan (sisipan) tuladha : tinulis > tulis + seselan –in-
- oleh panambang (akhiran) tuladha: renea > rene + a
- dirangkep (diulang) tuladha: nesu-nesu (dwilingga), lelungan (dwipurwa), ubang-ubeng (dwi lingga salin swara), nyengingis(dwiwasana)
Wujude ater-ater:
1. Ater-ater hanuswara > m-, n-, ny-, ng-
Bapak mundhut sepedha motor. → mundhut: m- + pundhut
Kadang Tani wayahe padha nandur pari,  → nandur:  n- + tandur
Ibu nyambel bawang. → nyambel: ny- + sambel
Pak Dhe ngundhuh kambil. → ngundhuh: ng- +  undhuh
2. Ater-ater tripurusa: dak-, kok-, di-
Bukune dakgawa lho!  → dakgawa: dak- + gawa
Apa kang koktulis iku?  → koktulis: kok- + tulis
Tase digawa Tari. → digawa: di- + gawa
3. Ater-ater: sa, pa, pi pra, tar, pan, kapi, kuma.lly.
BASA ING KASUSASTRAN
1. Tembung saroja
Tembung saroja iku tembung loro kang padha tegese dianggo bebarengan
tuladha: tumpang tindhih, dana driyah, mukti wibawa, tingkah laku
2. Tembung yogaswara
Tembung yogyaswara iku tembung kang ngresepake, amarga kepenak dirungokake.
Tuladha: dewa-dewi, apsara-apsari, kedhana-kedhini
3. Tembung garba.
   Tembung garba yaiku nggandheng tembung loro utawa luwih kanthi cara nyuda cacahing
   wanda   (suku  kata).
   Tuladha: narendra → nara + endra, lagyantuk → lagi + antuk, dupyarsa → dupi + arsa, kapyarsa →
  kapi + arsa
4. Tembung rura basa
Rura basa: tembung kang sajatine luput, nanging amarga dianggo terus mula banjur dianggep lumrah
lan bener.
5. Tembung kerata basa.
Tembung kerata basa negesi tembung kanthi cara diothak-athik tegese dadi mathuk/cocok
Tuladha: krikil → keri ing sikil, tandur → ditata karo mundur.
6. Tembung entar.
Tembung entar iku tembung kang ora bisa ditegesi mung sawantahe/apa anane (kata kias)
Tuladha: lobok atine → sabar, dawa tangane → seneng njupuk darbeking liyan.
7. Tembung Paribasan.
Paribasan iku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar (kias) tetembungane wantah
(lumrah), ora nganggo pepindhan (gegambaran).
Tuladha: Ana catur mungkur → ora gelem ngrungokake rerasan ala, Desa mawa cara negara
mawa tata → saben papan duwe adat/tata cara dhewe-dhewe, Becik ketitik ala ketara  → tumindak
ala lan becik iku bakal ketara tembe mburine.
8. Tembung bebasan
Tembung bebasan unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges entar (kias) mawa pepindhan
(gegambaran) kewan, barang, kahananing digambarake sipate wong.
Tuladha: Nabok nyilih tangan → tumindak ala kanthi kongkonan
Emban cindhe emban siladan → ora adil/pilih kasih
Rebut balung tanpa isi: padudon jalaran barang sepele.
9. Tembung saloka
Tembung saloka iku unen-unen kang ajeg panganggone mawa pepindhan (gegambaran) kewan,
barang, utawa kahanan, kang dipindhakake wonge lan tembunge sing dadi pepindhan dumunung ing
ngarep ukara utawa dadi jejer
Tuladha: Jati ketlusupan ruyung → golongane wong apik kelebon wong ala
Idu didilat maneh → murungake janji kang wis diucapake
Belo melu seton → melu grubyak grubyuk ora ngerti karepe.


Diambil dari : http://trianjarpriyanta.wordpress.com