Jumat, 26 April 2013

Cangkriman

1. Urang spikul matane pira?
2. Sega sakepel dirubung tinggi, apa?
3. Dikethok malah dhuwur, apa?
4. Ngarep ireng, mburi ireng sing tengah methentheng, apa?
5. Ana gajah numpak becak, ketok apane?
6. Kewan apa: sirahe neng sikil. Mripate neng sikil, irunge neng sikil, cangkeme nang sikil, pokoe kabeh neng sikil.
7. Pak bomba, pak lawa, pak peyut.
8. Lampu opo nek dipecak metu uwonge?
9. Pak demang klambi abang, nek didudul gondhal-ghandul, nek disuduk manthuk-manthuk.
10. Pitik walik saba kebon
11. Jenenge satriya pringgondani iku sapa?
12. Yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh
13. Ana kapal disawat waktu bisa kelem, kira-kira gedhe apane?
14. Ana kuthuk dilebokne kurungan rapet, kira-kira wis ora bisa metu, disediyani pakan lan omben cukup, bareng wis setahun kuthuke ilang menyang ngendi?
15. Ana tulisan arab, macane saka ngendi?

 Jawaban :
1. Ana 6  urang, sapi, kul
2. Salak
3. Celana
4. Wong mikul areng
5. Ketok mbujuke
6. Ana pitik kepidak
7. Tipak kebo amba, tipak ula dawa, tipak cempe ciyut
8. Lampune toko sing lagi ditutup
9. Kembang gedhang= ontong
10. Nanas
11. Ya radenGathutkaca, ya uleg-uleg= pring bonggol didandani
12. Geni
13. Gedhe omonge
14. Dadi pitik
15. Saka alas


Diambil dari: http://bivnudy.blog.student.eepis-its.edu.
Oleh : Akhmad Mubasir.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar