Jumat, 26 April 2013

Parikan

1. Wedang bubuk, gula jawa
Ateges : yen kepethuk, ati lego
2. Sepet-sepet, sawone mentah
Ateges : diempet-empet, selak ra betah
3. Wajik klethik, gula abang
Ateges : aja suthik, yen tumandang
4. Godhong kecipir, mrambat kawat
Ateges : najan gak mampir, nanging liwat
5. Kembang jagung, dipethik Cina
Ateges : barang wis kadhung, dikapakno
6. Manuk emprit, menclok godhong tebu
Ateges : dadi murid, sing sregep sinau
7. Manuk kutut, manggunge ngganter
Ateges : yen ra nurut, bisa keblinger
8. Yen kembang kembange kacang, dudu kembang puspa nyindra
Ateges : sih cilik kundang-kundang, bareng gedhe gawe rekasa
9. Yen kembang kembang lamtara, dudu kembang wora-wari
Ateges : mumpung sira isih mudha, sing taber nganti-ati
10. Esuk nyuling sore nyuling, sulingane arek Surabaya
Ateges : esuk eling sore eling, sing dieling ora rumangsa
11. Awan-awan aja keluyuran, ana pak mantra numpak sekuter
Ateges : kapan-kapan aku keturutan, duwe kanca sinaune pinter
12. Esuk nembang sore nembang, tembangane asmaradana
Ateges : esuk ngadhang sore ngadhang, sing diadhang ra teka-teka


Diambil dari: http://bivnudy.blog.student.eepis-its.edu.
Oleh : Akhmad Mubasir.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar